PROTOKOL JAMA’AH YASINAN JUM’AT LEGI
Katur dumateng sedoyo jama’ah, anggene jejagongan kulo aturi kendel sak utawis, kangge netepi lan mratitisaken sedoyo adicoro meniko. Nuwun.
Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Alhamdulillah,
Alhamdulllahilladzi anzala sakinata fiiqulubil mu'minin liyazdaadu iimanan
ma'aa immanihim. Asyhadu anlaa ilaaha ilallaah wahdahu laa syari kalah, wa
asyhadu anna muhammadan 'abduhu warosuluh la nabiyya ba'dah.
Allohumma sholli
'ala sayyidina Muhammad, wa'ala alihi wasohbihi waman tabi'ahum biihsanin ilaa
yaumiddin.
Qoolallahu ta'ala fil qur'anil kariim, a'udzubillaahi
minashaitonirrojiim, bismillah hirrohmaanirrohiim : .....
Amma ba'du.
Almukarrom poro alim, poro kyai, soho poro
ustadz, ingkang
kawulo mulya aken.
Poro sepuh pini sepuh, ingkang
kawulo hormati.
Hadirin sedoyo
jamaah yasinan Jum’at legi Ingkang dipun paring rahmat saking gusti Ingkang
Moho Agung.
Wabil khusus
shohibul bait, shohibul hajat, Bapak ..........sekeluarga / Mushola…………… Mriki
meniko.
Alhamdulillah, monggo kito aturan puji syukur
dumateng ngarsanipun Allah SWT kanthi ucapan; Alhamdulillahirobbil 'aalamiin, ingkang sampun paring pinten-pinten
kenikmatan, kanugrahan lan umur panjang dumateng kulo panjenengan sedoyo, dene
menopo kulo panjenengan sedoyo saget angrawuhi jamaah rutin wonten Mushola......
………. kanthi kawontenan sehat wal afiat mboten wonten rubedo menopo-menopo,
Mugi-mugi kerawuhan kulo panjenengan sedoyo estu-estu dicatet kalian Gusti
Allah dadoso amalan hasanah fiddini waddunya wal aakhirah, Amin 2X.
Sak lajengipun
sholawat lan salam monggo kito aturaken dumateng junjungan kito kanjeng nabi
Muhammad SAW, biqoulina Allahumma sholli
'alaa Muhammad.
ingkang sampun paring pitedah dumateng kulo
panjenengan sedoyo arupi diinul Islam,
arupi agami Islam, Mugi-mugi siang menika ngantos akhir hayat kulo panjenengan
sedoyo tetep netepi agami Islam, lan mbenjang wonten yaumil qiyaamah, kulo
panjenengan sedoyo dadoso umatipun Muhammad ingkang angsal syafaatipun Kanjeng
nabi Muhammad SAW. Amin 2X yaa robbal 'alamin.
Poro rawuh ingkang
kawulo mulyaaken. Keparengo kulo matur wonten ngarso panjenengan katitik kulo
tinimbalan saking panitia ngaturaken sedoyo adicoro ingkang kilampah ing siang
meniko.
1. Pambuko.
Monggo kulo suwun maos surat umul kitab, mugi-mugi adicoro
meniko angsal ridho saking Allah Ingkang Moho Kuoso. Amiin. Bismilah alaniatiin sholihah, Alfatihah.
Al hamdulillahirobbil Alamin.
Kalajengaken adicoro engkang kaping kaleh nuwun inggih;
2. Hadzharah. Lan
Waosan surat yasin.
Dumateng sederek kulo…………………….. kulo sumanggaaken.
Kanti waosan tahlil lan surat yasin. Mugi-mugi poro arwah
kulo panjenengan sadoyo ingkang sampun sumare wonten alam baryah sedoyo amal
kesahenan tansah dipun tampi deneng Allah SWT, lan sedoyo kalapatanipun dipun
sepuro, ugi dipun jembaraken lan dipun
pandangaken kuburipun. Amiin, Amin ya
robbal alamin.
Kelajengaken adicoro ingkang kaping tigo jeh puniko;
3. Pambagyo harjo
yuwono
Dumateng sederek kulo…………………. Wekdal lan panggenan dipun
sumonggoaken.
Matur suwun kulo aturaken dumateng ………………menggah
pangandikanipun.
Dumateng poro bapak, poro simbah sadoyo, khususipun jama’ah
yasinan jum’at legi. Kelajengaken adicoro selajengipun inggih puniko;
4. Istirohah;
Katur dumateng ingkang anggadahi kuwajiban, kulo suwun
angayahi menopo ingkang dados kuwajibanipun. Nuwun.
Mekaten adicoro istirohah, dipun lajengaken adicoro selajeng
ipun nuwun inggih;
5. Mauidzoh hasanah.
Ing wekdal meniko badhe kewedar sabdo saking panjenengan
nipun bapak/ibu ……………………………….
Dumateng
panjenenganipun papan palanggahan kulo sumonggoaken.
Atas Nami shohibul
bait, shohibul hajat, ngaturaken agunging panuwun atas kerawuhan lan doa kulo
panjenengan sami, lan nyuwun ngapunten mbok bilih anggenipun paring
panghormatan, pinaraan ugi hidangan mboten nocoki dumateng panjenengan sedoyo.
Kulo piyambak,
selaku pranoto acoro, nyuwun pangapunten mbok bilih wonten kirang langkung atur
kulo dumateng panjenengan sedoyo.
Akhiru kalam, wallahul maufiq ila akwamit thorik,
wassalamu'alaikum Wr. Wb.
Allahumma sholli
alaa Muhammad.
Kinarcik dening Kang Arip R Edisi III 2019